Rabu, 18 Mei 2011

Fasal 1: Iki Fasal Nerangake Fadhilahe Ilmu ( 2 )

Kaya surasane syi'ir kang diaturake saking Syeh Muhammad bin Hasan bin Abdullah:
     1. Sira ngudiha ilmu kaweruh. Kerana sakteme ilmu kaweruh iku dadi kebergasane wong kang anduweni ilmu lan uga ilmu iku dadi kaluwihan sartho tondo alamat tumrape kabeh perkara kang pinuji/terpuji utawa keterima mngguhing/menurut Allah lan menungsa.
      2. Lan sira, ing saben dina, tansah ngudiha bisane hasil tanmbah ilmu kaweruh. Apa dene ngudi hasile faidah2. Senajan peribasan sarana ngelangi ing segara.
     3. Hususe sira ngudiha ilmu fikih, kang artine ilmune ibadah. Jalaran ilmu fikih iku sanyatho luwih utama-utamane penuntun ingkang nenarik marang tindak kebagusan lan ajak wedi marang Allah, uga ilmu fikih iku bener-benere paneja/tujuan.
     4. Lan ilmu fikih iku kang nuduhake maring dalan-dalane hasil pituduh. Ilmu fekih iku minongko beteng kang bisa nyelametake songko sekabehane baya pekiwuh.
     5. Kerana wujude lan uripe siji wong kang ngerti temenan marang ilmu fekih tur sampurnane wiraine/kahormatane. Tegese ngedohi perkara haram, iku luwih dirasa abot tumrape syaitho katimbang wong sewu ahli ngibadah kang ora ngerti ing ilmu fekih.
     6. Lan mengkono uga wong Islam diwajibake ngerteni marang sekabehane bebuden mahmudah/terpuji utawa madzmumah/tercela. Kayatho: lumo/dermawan, kumet/medit, jirih/penakut, wanen, gumede, andab asor, prawira, leluwihan/boros, ngirit lan liya-liyane. Kerana gumede, kumet, jirih, leluwihan iku haram, ing haleh ora bisa ngreksa sangka papat iki mau, kejaba sarana ngerteni marang papat mau lan ya kudu ngerti marang lelawane. Mula sangka iku sadengah/semua menungsa diwajibake ngerteni sifat utawa akhlak.
     Panjenengane sayyid imam ingkang agung Syeh Syahid Nashiruddin wus nganggit/ngarang suwijine kitab ingkang bagus banget, ingkang nerangaken akhlak, namine kitab: Kitaabul Akhlaq, mula wajib tumrape sadengah menungsa Islam ngreksa akhlak. Keterangan-keterangan kang kasebut tutuk ing kene iku hukume ferdlu 'ain. Wondene ngreksa perkara kang kedadehan ana ing tempo-tempo mongso kayatho: salat jenazah, tilik wong lara lan sakpanunggalane mongko iku hukume ferdlu kifayah. Menawa sepirangane/sebagian penduduke papan panggonan kono wus ana kang nindaake, mongko wus direken/dianggap cukup lan gugur kewajiane kabeh penduduk, nanging menawa ora ana babar pisan kang nindaake ferdlu kifayah mau, mongko kabeh penduduk pada kasipatan dosa. Mongko wajib ing atase imam utawa pamarintah supaya mrintahake lan wajib meksa penduduke papan panggonan kono, supaya nindaake ferdlu kifayah.
     Kerana wis dingendikaake: Saktemene gegambaranrane ilmune perkara kang kedadehan tumrape ing awake dewe, ngenani ing sekabehane tingkah--iku ibarat utawa pribasan panganan: Kabeh wong ora kena ora temtu mangan. Dene ilmune perkara kang kedadehan ana ing tempo-tempo mangsa utawa kala-kala, iku gegambarane kaya dene tombo utawa obat. Wong uga ambutuhake marang tombo ana ing kala wektune lara. Bersambung.........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar