Rabu, 18 Mei 2011

Fasal 1 : Iki Fasal Nerangake Fadhilahe Ilmu ( 3 )

     Wondene ( adapun, pen )  ilmu pelintangan ( perbintangan, pen ) iku kaya dene penyakit. Mula nyinahuni ilmu nujum kang sejane supaya bisa selamat saka qodlo' lan qodare Allah iku hukume haram. Kerana ilmu nujum iku ora manfaati malah melarati. Ing haleh semingkir seka ketemptuan hukume Allah lan peleksanaane  Allah iku ora bisa. Mula wajib tumrape sadengah (semua, pen) wong Islam supaya anggunaake ing sekabehane waktune kanggo dzikrullah.Dedunga ndepe-ndepe marang Allah, maca Al-Qur'an lan sedekah kang bisa nolak bilahi. Sartho nyenuwun marang Allah ing (supados, pen) dingapura dosane, nyuwun waras lan karesa ing dalem dunya lan akhirat.
     Muga-muga Gusti Ngallah ngereksa saking balak lan epat-epat. Jalaran sing sapa wonge dirizkeni gelem dedunga marang Allah mongko temtu di ijabahi pinyuwune, dene menawa anane balak utawa perkara kang ora nyenengake iku pancen wus pinesti ( pasti, pen), mongko ora kena ora temtu kaleksanan ngenani. Nanging senajana ngenani, sarana barokahe dungak, Gusti Allah paring anteng lan maringi sabar. Yaa Allah kula mugi dipun tebiha saking ilmu nujum. Anging (tetapi,pen) ora haram ngerteni ilmu nujum, menawa olehe ngerteni ilmu nujum iku mung sakadar kanggo ngerteni kiblat lan wektune salat, mongko iku wnang (boleh,pen). Anadene sinahu ilmu kedokteran mongko iku iku wenang, kerana ilmu thib iku salah suwijine sabab bisane ngerti marang kahananne badan sehat utawa lara. Mula wenang sinahu ilmu thib kaya wenange ngerteni marang tombo-tombo utawa obat-obatan amergo Kanjeng Nabi  SAW toh kersa jejampi.
     Lan wus kaceritaake; bilih panjenengane imam Syafi'i iku ngendika: Al-'ilmu 'ilmaani 'ilmul fiqhi lil-adyaani wa'ilmul thiibi lil-abdaani wamaa warooa dzaalika bulghotu majlisi, wa amma tafsiirul ilmi fahuwa shifatun yatajalla biha liman qoomat hiya bihil madzkuuru walfiqhu ma'rifatun daqooiqul ilmi. Artosipun, Ilmu iku mung werna loro, siji ilmu fekih, ingkang temtu kanggo ngteni ilmu agomo. Loro ilmu Thib ingkang temtu kanggo ngeteni marang hal ihwal badan sehat utawa orane. Dene sakliyane ilmu fikih lan ilmu thib iku mung paribasan rerangkane lenggahan wondene katerangane mahiyah ilmu, iya iku sifat kang bisa anjalari cetho lan terang tumprat wong kang kanggonan mau. Sehingga ngerti keluasan sampurna marang perkara kang den reteni. Paribasan bundelan bisa udar temenan. Dene fekih, yaiku ngerteni kaweruh ingkang lembut-lembut lan remit.
     Panjenengane Imam Abu Hanifah ngendika: Artine feqih, yaiku ngerti ing perkara kang migunani marang awake utawa ingkang melarati. Maksud lan tujuane ilmu iku kerana dilakoni. Dene ngelakoni ilmu iku tinggal dunyo kerana akhirat. Mulane, seyugjane kanggone menungsa iku ojo ngasi leno lan lali songko olehe mikirake ing awake, kudu ngerti marang perkara ingkang migunani ing awake lan perkara kang melarati marang awake. Pada ugo ing dalem dunyo, apa dene perkara ingkang magayutan ing dalem akhirat.
     Sakbanjure supaya ngudi perkara ingkang migunani serta ngadohi perkara kang melarati. Kang supaya akale lan ilmune iku ojo dadi hujjah marang dewe-e. Mundak dadi soyo tambah-tambah siksane. Mugo-mugo kito rineksaha songko dukane lan siksane Allah. Minongko syahid dalil-dalil kang nerangake ing fadhilah lan utamane ilmu iku ayat Al-Qur'an pirang-pirang lan ugo ora sitik hadis lan akhbar ingkang shohih lan masyhur. Kurang perlu ingsun tulis ing kene mundak memanjang kitab. Bersambung...........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar