Rabu, 18 Mei 2011

Fasal 2: Fasal Iki Nerangake Niat Nalikane Amrih Ilmu (5)

Syeh Hamad bin Ibrahim Al-Anshoriy iku nate macaake marang ingsun syi'irnya Abu Hanifah ingkang surasane:
1. Man tholabal ilmi lilma'aadi ~ Faaza bifadhli minarrosyaadi  ( Utawi sapa wong iku amrih/mencari  ilmu sejane/tujuane mung kerana amrih ganjaran akhirat, monko wong iku bejo  temenan, kena diarani wong kang merkoleh/mendapatkan fadhilahe Pengeran)

2. Fayaa likhusrooni thoolibih ~ Linaili fadhlin minal'ibaadi ( Rehne/karena amrih ilmu kerana akhirat iku dadi sebabe hasil kabeneran lan fadhol saking Pangeran, mongko sakbali-e, wong kang ngudi ilmu kang sejane mung amrih kahutamaan sangka sapada, pada menungsa, iku ateges wong  kang  kerugen banget)

     Yaa Allah, mugi katebihna saking karugian kejaba yen olehe amrih kecaket marang sulthon utawa amrih pengaruh iku sejane kanggo nguatake amar ma'ruf nahi mungkar, lan olehe merjuangake haq kabeneran apa dene agama supaya unggul lan mulya. Ora mung kerana nuruti hawa nafsune, mongko wenang kelawan sakodar kanggo ngelaksanakake tujuan kasebut. Mula prayuga banget kanggone wong kang ngudi ilmu supaya mikir-mikir kang temenan. Kerana wong mau ngudi hasile ilmu kaweruh sarana susah payah kang ora setitik, songko iku, aja kasi (sampek, pen) sakwuse hasil ilmune digunakake kanggo gayuh bondo dunyo kang ajine ora sepiraha tur inggal sirna. akaya dene syi'ir meniko;
     Hiya al-dunyaa aqollu minal qoliili ~ Wa 'aasyikuha adzallu minal dzaliili
    `Tusimmu bisikhrihaa qouman watu'mii ~ fahum mutahayyiruuna bilaa daliili
Katerangane dunyo iku luwih sithik-sithike barang kang sithik, dene wong kang demen dunyo iku luwih ina-inane ina. Dunyo sarana sihire bisa budekake lan micekake wong kang ora sethithik, mongko kedadihane banjur pada bingung ora oleh pituduh marang dalan bener.
     Lan prayoga banget kanggone wong ahli ilmu supaya aja kasi anduweni ketamaan kang ora sakmestine mundak andadeake ina awake. Walhasil ahli ilmu supaya tansah ngreksa songko perkara kang anjalari inane ilmu lan ahli ilmu. Sakbanjure kanggone ahli ilmu supaya nindaake tawadhu' andap asor, keterangake  ana ing kitab Akhlaq; Tawadhu' lan iffah iku pada maksute; tegese tingkah laku kang tengah-tengah antarane gumede lan lan ngina utawa asor.
     Syeh  Ruknul Islam, imam agung, ingkang terkenal lan pendidik ingkang kapilih, macaake syi'ir kanggo selirane piyambak, ingkang surasane;

     Inna al-tawaddhu'a min hishooli al-muttaqiy ~ Wabihi al-taqiyyu ilaa al-ma'aali yartaqi ( Sak temene tawaddhu' iku setengah songko sifat lan lakune wong kang wedi ing Gusti Allah, lan sarana tawaddhu' iku muttaqi bisa munggah marang derajat kaluhuran)

     Wamin al-'ijaabi 'ajiibu man huwa jaahilun ~ Fii haalihi ahwa al-sa'iidu am al-syaqi  ( Kalebu perkara kang nggumunake iya iku anane wong kang ora ngerti marang awake dewe, apa bakal dadi wong  beja apa cilaka )

     Am kaifa yukhtamu 'umruhu au ruuhuhu ~ Yauma al-nawaa mutasaffilu au murtaqii ( Lan mengko-mengkone nalikane mati iku, apa mati kelawan iman apa ora? Yen mati iman temtune dadi bisa  munggah kagolongake marang makom al-mu'miniin, nanging yen ora temtune dadi kelorot marang asfalassaafiliin)

     Wa al-kibriyaa-u lirobbihaa shifatun bihi ~ Makhshuushotun fatujannibanhaa wa al-taqii  ( Ewo semono kok takabbur, utawi sifat kibriya'  yakni agung iku suwijine sifat ingkang husus kagem Pengeran ingsun Gusti Allah Ta'aala. Mulo sira ngreksaha kang temenan aja kasi ( nganti, pen) takabbur)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar