Rabu, 18 Mei 2011

Fasal 2 : Iki Fasal Nerangake Niat Ing Nalikane Amrih ( Golek ) Ilmu ( 4 )

   Sakbanjure; Kanggone wong kang amrih ilmu iku ora kena ora kudu anduweni niat ing sakjerune sinahu utawa ngaji. Kerana niat iku pokok lan dasare sekabehane tingkah. Kerana nitik ( mengingat, pen ) pandikane Kanjeng Nabi SAW ngendikake: Al-a'maalu bi al-niyyaati, Utawi shohih amal/ lelaku iku dikantheni kelawan niat. Pangendikane Kanjeng Nabi iki klebu hadis shohih. Lan kaceritho saking gusti Rasulullah; Panjenengane ngendika: Pirang-prang amal kang wujude iku amal ora pantes lamuna ana ganjarane. Ing wusana jalaran songko baguse niat. . Amal mau kalebu amal akhirat kang temtune diganjar. Lan iya akeh wae amal-amal kang wujude iku amal akhirat, nanging wusanane amal mau kalebu amal dunyo. Amergo mung songko niate iku ala.
     (Selanjutnya; Bagi orang-orang yang mencari ilmu itu tdk boleh tdk harus memiliki niat yang kuat dalam belajar atau mengaji. Karena niat itu pokok dan dasarnya semua tingkah laku.Karena mengingat sabdanya Nabi Muhammad SAW; Al-'amalu bi al-niyaati, artinya, amal perbuatan itu disertai dg niat. Sabdanya Nabi ini termasuk hadis sohih. Diceritakan, bahwa Rasulullah bersabda, Banyak amal perbuatan yang kurang layak dapat pahala, karena disertai niat yg baik, maka amal perbuatan itutermasuk amal perbuatan akhirat yg akan mendapat pahala. Dan banyak juga amal perbuatan yg secara lahiriyah termasuk amal akhirat, tapi kemudian amal perbuatan itu masuk amal dunia karena hanya persoalan niat)
     Mula prayuga banget wong kang ngudi ilmu iku niata; Olehe ngudi ilmu niat  amrih karidlone Gusti Ngalloh, amrih ganjaran suwarga, amrih ngilangake bodone awake dewe, lan bodone wong kang pada bodo, niat ngurip-ngurip agama lan ngelanggengake Islam. Jalaran saktemene, tetep lan langgenge Islam iku sarana ilmu. Lan ilmu iku minongko jiwane Islam. Lan ora sah ngelakoni zuhud lan taqwa kelawan tanpa ilmu.
     Panjenengane Imam ingkang agung Syeh Burhanuddin, pengarang kitab Hidayah tahu ( nate, pen) macaake syi'ir marang ba'dhul ( sebagian, pen ) Ulama, kang surasane; Fasaadun kabiirun 'aalimun mutahattikun, wa akbaru minhu jaahilun munassikun. Humaa fitnatun fil 'aalamiina 'adhiimatun, liman bihimaafii diinihi yatamassaku. Artosipun, "Wong alim kang bertindak nulayani agama sarana nekat iku kerusakane gede, nanging luwuh gede banget kerusakane iya iku wong bodo kang kemusung khusu' ibadah. Wong rong werno iku tumrap ing alam iki demunung fitnah kang gede tumrape wong kang manut marang salah sijine wong loro mau ing dalem olehe nindaake agamane.
     Lan prayuga banget wong kang ngudi ilmu iku olehe amrih ilmu iku niata syukur anggone pinarengan nikmat akal lan sehat awake. Aja ngasi olehe olehe ilmu iku niate; Supaya disuyuti ( dialem, pen) deneng wong-wong, utawa supaya gampang olehe hasil bondo dunyo, utawa supaya bisa kecaket marang sulthon lan liya-liyane.
     Panjenengane Syeh Muhammad bin Hasan ngendika; Saumpama kabeh menungsa iku dadi budak ingsun, yekti ingsun merdekaake kabeh. Lan lebarake ( bebasake, pen) songko tetanggungane kang sahingga ingsun bisa resik ora duwe pengharapan songko hak (memiliki, pen) lan darbeni (nguasani, pen). Sapa kang wus bisa ngerasaake marang manise ilmu lan amal, mongko temtu ora seneng hak lan darbeni wong liya. Bersambung.........   Sakbanjure; Kanggone wong kang amrih ilmu iku ora kena ora kudu anduweni niat ing sakjerune sinahu utawa ngaji. Kerana niat iku pokok lan dasare sekabehane tingkah. Kerana nitik ( mengingat, pen ) pandikane Kanjeng Nabi SAW ngendikake: Al-a'maalu bi al-niyyaati, Utawi shohih amal/ lelaku iku dikantheni kelawan niat. Pangendikane Kanjeng Nabi iki klebu hadis shohih. Lan kaceritho saking gusti Rasulullah; Panjenengane ngendika: Pirang-prang amal kang wujude iku amal ora pantes lamuna ana ganjarane. Ing wusana jalaran songko baguse niat. . Amal mau kalebu amal akhirat kang temtune diganjar. Lan iya akeh wae amal-amal kang wujude iku amal akhirat, nanging wusanane amal mau kalebu amal dunyo. Amergo mung songko niate iku ala.
     (Selanjutnya; Bagi orang-orang yang mencari ilmu itu tdk boleh tdk harus memiliki niat yang kuat dalam belajar atau mengaji. Karena niat itu pokok dan dasarnya semua tingkah laku.Karena mengingat sabdanya Nabi Muhammad SAW; Al-'amalu bi al-niyaati, artinya, amal perbuatan itu disertai dg niat. Sabdanya Nabi ini termasuk hadis sohih. Diceritakan, bahwa Rasulullah bersabda, Banyak amal perbuatan yang kurang layak dapat pahala, karena disertai niat yg baik, maka amal perbuatan itutermasuk amal perbuatan akhirat yg akan mendapat pahala. Dan banyak juga amal perbuatan yg secara lahiriyah termasuk amal akhirat, tapi kemudian amal perbuatan itu masuk amal dunia karena hanya persoalan niat)
     Mula prayuga banget wong kang ngudi ilmu iku niata; Olehe ngudi ilmu niat  amrih karidlone Gusti Ngalloh, amrih ganjaran suwarga, amrih ngilangake bodone awake dewe, lan bodone wong kang pada bodo, niat ngurip-ngurip agama lan ngelanggengake Islam. Jalaran saktemene, tetep lan langgenge Islam iku sarana ilmu. Lan ilmu iku minongko jiwane Islam. Lan ora sah ngelakoni zuhud lan taqwa kelawan tanpa ilmu.
     Panjenengane Imam ingkang agung Syeh Burhanuddin, pengarang kitab Hidayah tahu ( nate, pen) macaake syi'ir marang ba'dhul ( sebagian, pen ) Ulama, kang surasane; Fasaadun kabiirun 'aalimun mutahattikun, wa akbaru minhu jaahilun munassikun. Humaa fitnatun fil 'aalamiina 'adhiimatun, liman bihimaafii diinihi yatamassaku. Artosipun, "Wong alim kang bertindak nulayani agama sarana nekat iku kerusakane gede, nanging luwuh gede banget kerusakane iya iku wong bodo kang kemusung khusu' ibadah. Wong rong werno iku tumrap ing alam iki demunung fitnah kang gede tumrape wong kang manut marang salah sijine wong loro mau ing dalem olehe nindaake agamane.
     Lan prayuga banget wong kang ngudi ilmu iku olehe amrih ilmu iku niata syukur anggone pinarengan nikmat akal lan sehat awake. Aja ngasi olehe olehe ilmu iku niate; Supaya disuyuti ( dialem, pen) deneng wong-wong, utawa supaya gampang olehe hasil bondo dunyo, utawa supaya bisa kecaket marang sulthon lan liya-liyane.
     Panjenengane Syeh Muhammad bin Hasan ngendika; Saumpama kabeh menungsa iku dadi budak ingsun, yekti ingsun merdekaake kabeh. Lan lebarake ( bebasake, pen) songko tetanggungane kang sahingga ingsun bisa resik ora duwe pengharapan songko hak (memiliki, pen) lan darbeni (nguasani, pen). Sapa kang wus bisa ngerasaake marang manise ilmu lan amal, mongko temtu ora seneng hak lan darbeni wong liya. Bersambung.........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar