Rabu, 18 Mei 2011

Terjemah surat At-Takwir QS 81;29 ayat fersi Prof. KHR. Muhammad Adnan dalam Tafsir A-Qur'an Suci Basa Jawa (l977)

Bismillaahirrohmaanirrohiim.
Awit ingkang asma Allah ingkang Maha Murah tur Maha Asih.

1. (Ing besuk dino qiyamat) nalikane srengenge dilempet.
2. Lan nalikane lintang padha coplok rutuh ing bumi.
3. Lan nalikane gunung padha mawut dan endhek endhek amun amun.
4. Lan nalikane unto meteng padha ditinggal tanpa diengon.
5. Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake.
6. Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni.
7. Lan nalikane nyawa dibalikake marang wadhake.
8. Lan nalikakne wong wadon kang dipendem urip uripan padha didangu.
9. Dosa apa anggone padha dipateni mau.
10. Lan nalikane buku catatan lelakone siji sijine wong digelar.
11. Lan nalikane langit disingkirake.
12. Lan nalikane neraka jahim diurubake.
13. lan nalikane suwarga dicepakake.
14. Ing kono siji sijine wong padha weruh kang wis padha dilakoni.
15. lngsun supata, dhemi lintang lintang.
16. Kang lumaku turut dalane banjur surup.
17. Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng.
18. Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange.
19. Sayekti Qur'an iku pangucape Rasul kang mulyo.
20. Gagah prakosa, munggunung Allah kang kagungan singgasana pinaringan pangkat luhur.
21. Wong kang kudu dienut tur pinarcaya.
22. Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah.
23. Muhammad andheleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan.
24. Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib.
25. Qur'an iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi.
26. Lan menyang ngendi anggonira arep padha mlayu?
27. Iku ora liya kejaba pepeling tumrap sakehing bangsa.
28. Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener.
29. Lan ora bakal sira padha kepengin, kejaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar