Rabu, 18 Mei 2011

Fasal 1 : Iki fasal nerangake fadhilahe ilmu.( 1 )

Tegese ngerti marang suwiji-wiji kelawan hakikote, lan uga nerangake fadhilahe fikih, tegese ngerti marang hukum-hukum syara' kelawan dalil2le.
     Gusti Rasulullah SAW ngendika, " Ngudi/nggolek ilmu iku di wajibake tumrap sadengah/sedaya wong Islam pada uga lanang utawa wadon. Kaya tho ngudi ilmune ma'rifat marang Allah bilwahdaaniyyah wa ma'rifati shifaatihi w shidqir Roasuuli, lan kaya ilmune salat, thoharoh, yakni 'ilmune 'ibadah. Mangertiha! Sa'temene wong Islam iku ora diwajibake ngudi marang sadengah 'ilmu kelawan wajinb 'ain, nanging diwajibake tumrape sadengah wong Islam; iku ngudi ilmune prekara kang megayutan marang menungsa. kaya tho; kufur, iman, salat, zakat, lan sakpanunggalane. Kaya keterangan kang wis dingendikaake dining ba'dhul Ulama'; "Utama-utamane ilmu yaiku ngerti tingkah, lan utama-utamane amal iku ngerksa tingkah, aja nganti kasiya-siya utawa rusak. Lan uga wong Islam diwajibake ngudi ilmune perkara perkara kang lagi utawa kang arep kedadehan ing dalem endi2 tingkah kang tinemu, upamane tingkah waras, utawa lara, utawa ana ing pelungan/lelungan utawa ana ing ngumah. Ing sarehne wong Islam iku wajib ngelakuni salat, mulane diwajibake ngerteni perkara-perkara kang gegandengan kelawan salat, kelawan sakira bisa dadi cukupe lan sah salate. Upamane ngerti yen anane maca fatihah iku setengah saka rukune salat.
    Sakwise ngerti mangkono, banjur ngudi bisane wacane iku cukup lan sah. kerana lamun ora sah wacane mongko ora sah salate. lamun ora sah salate, mongko durung gugur kuwajibane. Mula sahrene wong Islam iku wajib salat, mongko ngertine ilmune salat iku iya wajib. kerana barang kang kanggo lelantaran nindaake penggawe fardlu iku iya fardlu, kaya dene wudlu tumrape salat. Lan barang kang kanggo sababe nindaake barang kang wajib, mongko iku iya wajib.Mulane ngertine marang fardlu lan wajib iku iya wajib. Mengkono uga soal pasa. lan ilmune zakat menawa wis duweni bondo. Apa dene ngertine ilmune haji, menawa wus kewajiban kelawan sarat2te. Lan uga wajib ngerteni ilmune dol tinuku lamun wong mau berdagang.
     Syeh Muhammad bin Hasan iku nate disuwuni dining salah suwijine muride, mbok inggiha wonten kersa panjenengan nganggit /ngarang setunggaling kitab ingkang nerangake soal zuhud. Syeh Muhammad mangsuli, "Aku wus nganggit kitab ingkang nerangake hal ihwal bab dol tinuku kayatho; sah utawa rusake buyu'/dol tinuku. Mengkono iku wus nyukupi". Mila saking menika Syeh Muhammad tafsiri kelayan pangendikanipun; Kelebu jenenge wong zuhud yaiku wong kang ngreksa saking perkara subhat lan makruhat. Hususe kang gegandengan kelawan dagang. Lan mengkono uga wong Islam wajib ngerteni ing ilmune sakehe pergaulan, lan nindaake marang werna-wernane panggawehan kang supaya ngreksa sking larangane agama. Kerana sing sapa wong nindaake ing suwiji-wiji panggawehan apa wae iku diwajibake ngerteni ilmune ngreksa saking larangane agama ingkang gegandengan marang penggawehan kang ditandangi mau.
     Lan mengkono uga wong Islam diwajibake ngerteni pira2 tingkahe ati, kayatho; tawakkal. inabah, khosyah lan ridlo. Amerga ilmu iku ngenani marang sekabehane tingkah apa wae. Ana dene kemulyane ilmu iku wus ora ana samar maneh temtu sadengah wong pada mangerti.Jalaran ilmu iku suwijine sifat peparingane Gusti Ngallah ingkang khusus kanggo bangsa manungsa. Kerana saktemene sekabehane perkara utawa sifat2 sakliyane ilmu--iku pada uga manungsa utawa bangsa hayawan, pada anduweni utawa kanggonan. Kayatho sifat kendel, wanen, kuwat, luma, welas lan liya-layane kang sakliyane sifat ilmu. Sarana ilmu, Gusti Ngallah nelahirake ing kaluwihanne kanjeng Nabi Adam ngungkuli ing para malaikat sehingga Gusti Ngallah merintahake para malaikat kedawuhan sujud marang Nabi Adam. Dene anane ilmu ku mulya amerga ilmu iku dadi lantarane taqwa. Sarana taqwa kang artine ngreksa saking laranganne Gustu Ngallah. Nabi Adam bisa ngehaki ing kamulyan lan kabegjan ingkang langgeng ana ing ngersane Gusti Ngallah. (Dikutip dari kitab Ta'limul Muta'allim, oleh Syeh Al-Zartujiy, terjemah Jawa Gandul dan keterangan dg bhs Jawa oleh KH Hamam Nashiruddin Al-Qurbaqiy-Magelang, sesuai dg aslinya )...Bersambung...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar