Rabu, 18 Mei 2011

Terjemah surat At-Takwir (Ngelempit) QS:81;29 dalam bahasa Jawa oleh KH Bisyri Mushthofa dalam Al-Ibriz.


Bismillaahirrohmaanirrohiim

1. Arikala serngenge wus dibusek padange.
2. Arikala lintang lintang wus pada rontok ana ing bumi.
3. Arikala gunung gunung wus dijur, lan kabur melaibat kaya bledug..
4. Arikala unto unto meteng wis diumbar ora kopen.
5. Arikala hayawan hayawan alasan dikumpulake.
6. Arikala segara wus digawe panas kaya geni.
7. Arikala nyowo nyowo wus dibalikake maneh marang rogone.
8. Arikala bocah bocah wadon kang dipendem urip uripan wus didangu.
9. Sebab keluputan apa teka dipateni?
10. Arikala buku buku amal wus digelar.
11. Arikala langit langit wus digulung.
12. Arikalaneroko jahim wus mulat genine.
13. Arikala suwarga wus diparekake.
 14. Arikala iku kabeh (iyo iku dino kiyamat) menungsa pada ngeyakinake lakon lakon kang
       dilakoni nalika  isih ono ing alam donya, becike lakon utawa alane lakon (iya arikala iku
       dina getune para menungsa)
15. Allah Ta'aala sumpah kelawan lintang kang balik mundur.
16. kang tansah lumaku, kang surup ana ing panggonan surupe (iyo iku lintang zuhal, almustaro,
      al-mirrih, azzuharot lan utarid)
17. Lan Allah Ta'aala sumpah: demi bengi nalika ngadepake peteng.
18. Lan demi waktu subuh nalika tambah padang.
19. Sejatine Al-Qur'an iku dawuhe utusan kang mulyo (yoiku malaikat Jibril).
20. kang banget kuate ana ing ngersane Allah ta'aala kang kagungan arsy kang mulya.
21. Kang ditho'ati dining malaikat malaikat liya tur kang dipercaya.
22. Lan sejatine Nabi Muhammad iku ora edan kaya penyanane wong wong kafir.
23. Demi yekti temen temen Nabi Muhammad iku pirsa malaikat Jibril ing dalem rupa kang asli.
24. Lan sejatine Nabi Muhammad iku ora ngurangi dawuh dawuh kang samar, yoiku  wahyu
       yulan       khobar khobar langit.
25. Lan Al-Qur'an iku ora pengucape syaithon kang dibenduni.
26. Arep menyang endi siro kabeh? Nganggo dalan apa anggon ira arep  ingkar marang
       Al-Qur'an?
27. Ora ana Al-Qur'an iku kejaba dadi pakeling lan pitutur, marang wong alam kabeh,   
       menungso lan jin.
28. Yoiku wong kang pancen karep miturut marang kabeneran.
29. Sira kabeh ora pada bisa karep jejeg kejaba yen dikersaake dining Allahu Robbul 
       'aalamiin.
       Wallaahu a'lam.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar